Puisi ing Bahasa Jowo

Termimal Jombor
by : Arek Lampung

Wingi awan kiro-kiro jam siji
aku teko nang jombor karo faroji
kenalan karo bapak ojek jenenge suraji
pas ditakoni omahe, jarene neng pinggir kali

Awan iku pancen panas temenan
mluka mlaku ndelok bus podo simpangan
jebul wetengku luweh tenan
gek ndang aku golek panganan

tekane aku nang warung
kepethuk sampean sing nganggo krudung
rupo ayu, irunge mancung
aduhai, atiku kelayung-layung

Komentar